MC
BAHASA JAWA , ACARA HAUL SI MBAH MAD SUWARJAN & JEMNINAH
Assalamu'alaikum
warahmatullahi wabarakatuh.
الْحَمْدُ
لِلّٰهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ، لِيُظْهِرَهُ
عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَكَفَى بِاللّٰهِ شَهِيْدًا. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا
اللّٰهُ،
وَأَشْهَدُ
أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ،
وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ.
Dumateng poro alim, poro
ulama, poro kyai, poro tamu undangan, poro sesepuh pinesepuh, .Wonten eng Desa Kedungwinong…
Ingkang Kawulo Hormati ROMO
KYAI H.SYAHIDAN ALHAFIDZ Sakeng Kudus lan . Ingkang kawulo hormati ABAH
ALVIN BIN ALI ( Sakeng Grobogan ) Engkang Kito Tenggo Fatwa-fatwanipun
Ingkang kawulo Hormati
Bapak Ketua MWC NU Kecamatan Sukolilo utawi engkang Mewakili
Ingkang Kawulo Hormati
Bp. Kepala Desa Kedungwinong Bp. Pranoto Utomo.ST
Ingkang kawulo hormati Bp
KYAI, SUWARJAN
Ingkang Kawulo Hormati
Bp. KYAI MASWAN ALHAFIDZ
Ingkang Kawulo
Hormati Bp KYAI MOH.RUKHANI
Ingkang kawulo Hormati Bp
KYAI SUTISNO ALHAFIDZ
Ingkang kawulo hormati Bp.
KYAI PURNOMO Lan Ustadz Dhani
Ingkang Kawulo hormati Keluarga Besar BANI MUHAMMAD SUWARJAN
Ingkang Kawulo Hormati Lan Tresnani Sedoyo Hadirin Hadirot Ingkang Sami rawuh wonten dalu puniko…
Soho Poro Kyai, Poro Alim ulama, Engkang Mboten Saget Kulo Sebat setunggal Setunggalipin…
Bapak Ibuk Jamaah Pengaosan ingkang dipun mulyakaken
dening Allah SWT. Puji syukur monggo kito aturaken wonten ngarsanipun Allah
SWT, ( Bi khoilina
Alhamdulillahirobbil Alamin..)
Ingkang sampun paring mapinten-pinten rohmat, taufiq,
hidayah, lan inayah dumateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo kito saged
makempal wonten majelis meniko kanthi wilujeng nir ing sambikolo.
Sholawat ugi salam mugi-mugi tetep kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, Allahumma sholliala syayidina Muhammad, ingkang kito antu-antu syafa’atipun benjang wonten Yaumil Qiyamah. Aamiin ALLAHUMA Aamiin….
Poro rawuh sedoyo ingkang kinurmatan,
Keparengo kawulo minongko pranatacara, ngaturaken reroncening adicoro ingkang bade kalampahan wonten ing dalu puniko,:
1. Adicoro ingkang sepindah inggih meniko Pambuka.
2. Adicoro ingkang kaping kalih inngih meniko, waosan Kalam Ilahi.
3. Adicoro ingkang kaping tigo inggih meniko, waosan Ratib Tahlil.
4. Adicoro Ingkang kaping Sekawan Sambutan-sambutan
a. Sambutan Tuan Rumah
b. Sambutan Bp. Kepala Desa Kedungwinong
c. Sambutan MWC NU Kecamatan Sukolilo
5. Adicoro ingkang kaping gangsal inngih puniko, Maulidurrosul
Kalajenganken Mauidhoh hasanah soho doa penutup.
Mekaten
reroncening adicoro ingkang sampun ka susun.
Kangge nyekak wekdal, monggo adicoro ingkang sepindah, inggih meniko pambuka, kito buka kanthi waosan Surotul fatihah, Mugi-mugi adicoro dalu meniko dipun paring kelancaran saking Allah SWT lan Mbeto Keberkahan Dumateng Kitho sedoyo,
Biridlolillah wabisyafaati Rosulillah Alfatihah…
Waosan Kalam Ilahi (Pembacaan Kalam Ilahi)
Poro rawuh ingkang kinurmatan,
2.) Adicoro ingkang kaping kalih, inggih meniko waosan Kalam Ilahi, ingkang bade dipun waos dening sederek Kawulo ( NABILA FITRIANA ABDA ). Dumateng Panjenenganipun wekdal soho panggenan kawulo aturaken.Sumonggo…
(Setelah selesai membaca)
Katur dumateng Panjenenganipun kawulo aturaken matur nuwun. Mugi-mugi waosanipun ingkang barokah meniko saged nambah keimanan soho ketakwaan kito sedoyo. Aamiin.
Waosan Tahlil (Pembacaan Tahlil)
Poro rawuh sedoyo ingkang minulya,
3. ) Adicoro ingkang kaping tigo, inggih meniko waosan Ratib Tahlil, ingkang bade dipun imami dening Bapak Kyai ( SUWARJAN ). Dumateng Bapak Kyai ( SUWARJAN ), wekdal soho panggenan kawulo aturaken….Sumonggo…
(Setelah selesai tahlil)
Katur
dumateng Bapak Kyai ( SUWARJAN ) kawulo aturaken matur nuwun. Mugi-mugi
Waosan Ratib tahlil meniko saged ndadosaken amal jariyah kangge kito sedoyo lan
arwah ingkang kito do'aken. Aamiin.
Sambutan -sambutan
4.) Adicoro ingkang Kaping sekawan inggih puniko sambutan-sambutan
Sambutan :
A.
Sambutan
Tuan Rumah Engkamg bade dipun aturaken deneng Bpak Kyai Mohammad Rukhani ,
Wekdal soho panggenan kawulo aturaken sumonggo…
B. Saklajengipun Inggih Puniko sambutan Bapak Kepala Desa Kedungwinong Dumateng Panjenengananipun Bapak Kepala Desa Pranoto Utomo.ST Wekdal Soho Panggenan kawula aturaken sumonggo
C.
Sak
lajengipun Inggih Puniko sambutan sakeng MWC NU Kecamatan Sukolilo, dumateng
panjenenganipun Bapak Kyai Sudarman.SPd wekdal soho panggenan kaulo aturaken
Sumonggo.
( Setelah setiap sambutan : Dumateng panjenenganaipun kawulo aturaken matursuwun )
Maulidur Rosul Lan Mauidhoh Hasanah dan Doa Penutup
Poro rawuh ingkang dipun mulyakaken Allah, SWT
5.) Adicoro ingkang pungkasan, inggih meniko Maulidur rosul lan mauidlhoh hasanah soho doa Penutup,
ingkang bade dipun Pimpin dening ABAH ALVIN BIN ALI Sakeng Grobogan, Lan kalajengaken Mauidloh Hasanah Sakeng Romo Kyai H. SYAHIDAN ALHAFIDZ Sakeng Kudus.
Dumateng Panjenenganipun ABAH ALVIN BIN ALI, Lan Romo Kyai H. SYAHIDAN ALHAFIDZ Wekdal soho swasono kawulo aturaken Sumonggo,
Minongko
pranatacara, kawulo nyuwun agunging pangapunten menawi wonten kekirangan utawi
kalepatan anggenipun kawulo matur. Mugi-mugi kempalan kito ing dalu puniko
dipun catet minongko amal ibadah deneng Allah SWT. Aamiin…Aamiin..Aamiin
Yarobbal Alamin.
Wallahul
Muwaffiq ila Aqwamit Thorieq , Wassalamualaikum wr wb..


Tidak ada komentar:
Posting Komentar