Minggu, 14 Juli 2024

MC PENGAJIAN BAHASA JAWA

MC PENGAJIAN BAHASA JAWA


Assalaamu’alaikum Wr.Wb

Ingkang kinabekten panjenegan ipun Habib Hilmy Basyuroh sakeng pati

Ingkang kinabekten panjenegan ipun sedoyo poro alim ulama wonten Desa Kedungwinong egkang mboten saget kulo sebat setunggal setunggalipun

Ingkang kinabekten panjenegan ipun Bpk Kyai Moh.Rukhani Selaku Pimpinan Majlis Ta'lim dan Sholawat Sekalugus pimpinan Yayasan Al-ikhlas

Ingkang kinabekten panjenegan ipun Kepala Desa Kedungwinong Bpk Pranoto Utomo ST.


Ingkang kula hormati poro bapak ibu Hadhirin Rokhimakumulloh.

Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh, langkung rumiyin monggo kito panjataken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito pinten-pinten kenikmatan, sehinggo wonten ing dalu puniko kito saget makempal wonten ing Majlis Ta'lim dan Sholawat Al-ikhlas mriki kangge mengeti pengaosan, kanti wilujeng mboten wonten halangan setunggal punopo.

Sholawat soho salam mugi-migi kunjuk dumateng Nabi Muhammad SAW, engkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito raosaken sak meniko, soho engkang kito antu-antu syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah Amin.

Wonten mriki kuwulo kajibah minongko pranoto hadicoro, badhe maosaken susunan acoro wonten dalu puniko:

Adicoro kaping setunggal inggih meniko : Pambuko

Adicoro kaping kalih inggih meniko : Tahlil

Adicoro kaping tigo inggih meniko : Sambutan-sambutan

Adicoro kaping sekawan inggih meniko : Santunan Yatim Piatu,dhuafa

Adicoro kaping gangsal inggih meniko : Gema Sholawat +Doa Sareng Habib Hilmy Basyuroh sakeng Pati Diiringi Hadroh NZ sakeng grobogan

Adicoro kaping enem inggih meniko : Penutup

 
Acoro kaping setunggal inggih puniko pambuko, monggo acoro wonten ing dalu puniko kito bikak kanthi waosan surotul fatihah mugi-mugi acoro dalu puniko sageto lancar lan mbeto keberjahan dumateng kito sedoyo, 
Biridlholullah wabisyafaati Rosulillah Alftihah...


Adicoro kaping kaleh enggeh puniko wosan Tahlil ,dumateng bp kyai ............ wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.

Adicoro engkang kaping tigo enggeh puniko sambutan-sambutan:

Sambutan ingkang kaping setunggal saking ketua  panitia,Sekakigus Peresmian Yayasan Al-Ikhlas, dumateng panjenenganipun Bpk.Abdul Rohman, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.

Sambutan ingkang kaping kalih saking Kepala Desa Kedungwinong, dumateng panjenenganipun Bpk.Pranoto Utomo,ST ,  wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.


Adicoro kaping sekawan enggeh puniko santunan yatim piatu dhuafa engkang bade dipun pimpin dumateng Bpk. kyai. Mohammad Rukhani, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.

Adicoro kaping gangsal enggeh puniko Gema Sholawat +Doa Sareng Habib Hilmy Basyuroh sakeng Pati Diiringi Hadroh NZ sakeng grobogan

Adicoro kaping pungkasan inggih puniko penutup, monggo acoro pengaosan wonten ing dalu puniko kito tutup kanthi waosan hamdallah.

Mekaten saking kawulo menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo kulo nyuwun agungin pangapunten.

Wassalamualaikum Wr.Wb.***



MC PENGAJIAN BAHASA JAWA

MC PENGAJIAN BAHASA JAWA Assalaamu’alaikum Wr.Wb Ingkang kinabekten panjenegan ipun Habib Hilmy Basyuroh sakeng pati Ingkang kin...