Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.
الْحَمْدُ
لِلّٰهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَقِّ، لِيُظْهِرَهُ
عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَكَفَى بِاللّٰهِ شَهِيْدًا. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ
إِلَّا اللّٰهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ
صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا
بَعْدُ.
Dumateng poro alim, poro ulama,
poro kyai, poro tamu undangan, poro sesepuh pinesepuh, ..Wonten eng Desa Kedungwinong…
Ingkang Kawulo Hormati Bp Kyai H.MUH.
NUR AHMAD Sakeng Kayen ( Engkang Kito Tenggo Fatwa-fatwanipun )
Ingkang kawulo hormati Habib
Nabil Bin Naqib Assegaff Sakeng Kudus
Ingkang kawulo Hormati Bapak Ketua
MWC NU Kecamatan Sukolilo utawi engkang Mewakili
Ingkang Kawulo Hormati Bp. Kepala
Desa Kedungwinong Bp. Pranoto Utomo.ST
Ingkang kawulo hormati Bp Kyai
Maswan Alhafidz
Ingkang Kawulo Hormati Bp Kyai Suwarjan
Ingkang kawulo Hormati Bp Kyai
Karmain
Ingkang Kawulo Hormati Bp. Kyai Ali …
Ingkang Kawulo hormati Keluarga
Besar Dzuriyah Assaji -Aminah
Ingkang Kawulo Hormati Lan Tresnani Sedoyo Hadirin Hadirot Ingkang Sami
rawuh wonten dalu puniko…
Soho Poro Kyai, Poro alim ulama, Engkang Mboten Saget Kulo Sebat
setunggal Setunggalipin…
Bapak Ibuk Jamaah Pengaosan ( dalam rangka
haul Si Mbah saji bin samin, Si Mbah Siti Aminah Binti Geman, Si Mbah Sumo
Kemis Bin Baridin lan Mbah Karmi Binti Mbah Kalang,) ingkang dipun mulyakaken dening Allah SWT.
Puji syukur monggo kito aturaken wonten ngarsanipun Allah SWT, Bi khoilina
Alhamdulillahirobbil Alamin..
Ingkang sampun paring mapinten-pinten rohmat,
taufiq, hidayah, lan inayah dumateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo kito
saged makempal wonten majelis meniko kanthi wilujeng nir ing sambikolo.
Sholawat ugi salam mugi-mugi tetep kaaturaken
dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, Allahumma sholliala syayidina
Muhammad, ingkang kito antu-antu syafa’atipun benjang wonten Yaumil Qiyamah.
Aamiin.
Poro rawuh sedoyo ingkang kinurmatan,
Keparengo kawulo minongko pranatacara,
ngaturaken reroncening adicoro ingkang bade kalampahan wonten ing dalu puniko,:
1. Adicoro ingkang sepindah inggih
meniko Pambuka.
2. Adicoro ingkang kaping kalih
inngih meniko, waosan Kalam Ilahi.
3. Adicoro ingkang kaping tigo
inggih meniko, waosan Ratib tahlil.
4. Adicoro Ingkang kaping Sekawan
Sambutan-sambutan
a.
Sambutan Tuan Rumah
b. Sambutan Bp.
Kepala Desa Kedungwinong
c. Sambutan MWC NU
Kecamatan Sukolilo
5. Adicoro ingkang kaping gangsal inngih
puniko, Maulidurrosul
Kalajenganken Mauidhoh hasanah soho doa penutup.
Mekaten reroncening adicoro ingkang sampun ka susun. Kangge nyekak
wekdal, monggo adicoro ingkang sepindah, inggih meniko pambuka, kito buka
kanthi waosan Surotul fatihah Mugi-mugi adicoro dalu meniko dipun paring
kelancaran saking Allah SWT lan Mbeto Keberkahan Dumateng Kitho sedoyo,
Biridlolillah wabisyafaati Rosulillah
Alfatihah…
Waosan Kalam Ilahi (Pembacaan Kalam Ilahi)
Poro rawuh ingkang kinurmatan,
Adicoro ingkang kaping kalih, inggih meniko
waosan Kalam Ilahi, ingkang bade dipun waos dening sederek... (Ustadz Muhammad
Latief Sakeng semarang). Dumateng (Ustadz Muhammad Latie), wekdal soho
panggenan kawulo aturaken.Sumonggo…
(Setelah selesai membaca)
Katur dumateng (Ustadz Muhammad Latief) kawulo
aturaken matur nuwun. Mugi-mugi waosanipun ingkang barokah meniko saged nambah
keimanan soho ketakwaan kito sedoyo. Aamiin.
Waosan Tahlil (Pembacaan Tahlil)
Poro rawuh sedoyo ingkang minulya,
Adicoro ingkang kaping tigo, inggih meniko
waosan Ratib tahlil, ingkang bade dipun imami dening Bapak Kyai ( Maswan
Alhafidz ). Dumateng Bapak Kyai ( Maswan Alhafidz ), wekdal soho
panggenan kawulo aturaken….Sumonggo…
(Setelah selesai tahlil)
Katur dumateng Bapak Kyai ( Maswan Alhafidz )
kawulo aturaken matur nuwun. Mugi-mugi Waosan Ratib tahlil meniko saged
ndadosaken amal jariyah kangge kito sedoyo lan arwah ingkang kito do'aken.
Aamiin.
Sambutan -sambutan
Adicoro ingkang Kaping sekawan inggih puniko
sambutan-sambutan
Sambutan
A. Sambutan
Tuan Rumah Engkamg bade dipun aturaken deneng Bpak Ustadz Agus Ulilin nuha
, Wekdal soho panggenan kawulo aturaken sumonggo…
B. Saklajengipun
Inggih Puniko sambutan Bapak Kepala Desa Kedungwinong Dumateng
Panjenengananipun Bapak Kepala Desa Pranoto Utomo.ST Wekdal Soho Panggenan
kawula aturaken sumonggo
C. Sak
lajengipun Inggih Puniko sambutan sakeng MWC NU Kecamatan Sukolilo, dumateng
panjenenganipun Bapak Kyai Sudarman.SPd wekdal soho panggenan kaulo aturaken
Sumonggo.
( Setelah setiap
sambutan : Dumateng panjenenganaipun
kawulo aturaken matursuwun )
Maulidur Rosul Lan Mauidhoh Hasanah dan Doa
Penutup
Poro rawuh ingkang dipun mulyakaken Allah, SWT
Adicoro ingkang pungkasan, inggih meniko Maulidur
rosul lan mauidhoh hasanah soho doa penutup, ingkang bade dipun aturaken dening
Habib Nabil Assegaff Sakeng Kudus Lan Bapak Kyai H. Muh. Nur Ahmad
Sakeng Kayen.
Dumateng panjenenganipun Habib Nabil Bin
Naqib Assegaff Lan Bapak Kyai H.Muh Nur. Ahmad Wekdal soho swasono
kawulo aturaken Sumonggo
(Setelah selesai mauidhoh hasanah dan doa)
Katur dumateng Panjenenganipun Bapak Kyai
H. Muh. Nur Ahmad lan Habib Nabil Bin Naqib Assegaff kawulo aturaken
matur nuwun ingkang sak ageng-agengipun. Mugi-mugi sedoyo ingkang sampun dipun
aturaken saged dados ilmu ingkang manfa’at lan barokah. Aamiin.
Minongko pranatacara, kawulo nyuwun agunging
pangapunten menawi wonten kekirangan utawi kalepatan anggenipun kawulo matur.
Mugi-mugi kempalan kito ing dalu puniko dipun catet minongko amal ibadah
deneng Allah SWT. Aamiin…Aamiin..Aamiin Yarobbal Alamin.
Wallahul Muwaffiq ila Aqwamit Thorieq Wassalamualaikum
wr wb..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar